Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh ~ Allahumma Sholli Wa Sallim 'Ala Sayyidina Muhammad

KAHENAN ATI MANUNGSA.

KAHENAN ATI MANUNGSA.
  • 1. Ati Mati.
  • Iku atine wong kafir, nafsune amarah kang abangsa setan iya iku manungsa lafdli setan ma'nawi.
  • 2. Ati Lenyok.
  • Iku atine wong munafik, nafsune lawwamah kang abangsa khewan iya iku manungsa lafdli khewan ma'nawi.
  • 3. Ati Salim.
  • Iku atine wong mukmin kang sholeh, nafsune mutma'innah kang abangsa Muhammadiyah kang wus kabuka ing Alam Nasut. Iya iku wong Ahli Syareat.
  • 4. Ati Tawajjuh.
  • Iku atine wong mukmin kang sampurna kang wus kabuka ing Alam Malakut. Iya iku wong Ahli Thoriqot
  • 5. Ati Mujarrod.
  • Iku atine wong mukmin kang luwih sampurna kang wus kabuka ing Alam Jabarut. Iya iku wong Ahli Haqiqot.
  • 6. Ati Rabbani.
  • Iku atine wong mukmin kang luwih sanget zuhude lan karem ing dalem Dzating Allah Ta'ala kang wus kabuka ing Alam Lahut. Iya iku wong Ahli Ma'rifat.