Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh ~ Allahumma Sholli Wa Sallim 'Ala Sayyidina Muhammad

KAHENAN MURID

Kaweruhana dennira setuhune sifat ing murid iku petang perkara
  • 1. Murid Mubtadi
Utawe murid Mubtadi yo iku murid kang meksi akeh kawatire atine ing sawiji kang liyan saking Allah Ta'ala, maka ingaranan iyo atine iku Ati Salim kang saking arah kukuhe ilmune sebab wus anyekel Hadist lan Dalil, lan imane ghoib saking arah tetepe ghoflahe kalimputan dining kawatire. Lan pangabektine ibadah, tegese angabekti karana kamulyane maring Allah Ta'ala. Lan dikire iyo iku lisane anebut "Laa ilaaha illallaah" atine anebut 'Laa ma'buda illallaah' (ora ana kang sun sembah sawiji2 anging Allah). Lan fanane fana ing af'al. Lan maqome iku maqom parek tegese saking arah katinggale. Lan alame iku alam Nasut tegese wus jumeneng insan haqiqi hale wus angaleh saking khewan lan setan. Iyo iku wog ahli Syareat.
  • 2. Murid Mutawasith
Utawe murid mutawasith iyo iku murid kang wus beresih atine saking kawatire sekabehe maka ing aranan iyo iku atine Ati Tawajjuh saking arah tetepe elenge atine maring Allah Ta'ala. Lan ilmune iku ilmu ainul yaqin saking arah ora kalimputan dining kawatire, lan imane Hadir saking arah cumawis. Lan pangabektine Ubudiyah tegese angabekti karana asihe ing Pangeran. Lan dikire iyo iku lisane anebut "Laa ilaaha Illallaah" atine anebut 'Laa mahbuba illallaah' (ora ana kang sun kasihi anging Allah). Lan fanane fana ing sifat. Lan maqome maqom Jamak saking arah ora kalimputan dining kawatire. Lan alame alam Malakut saking arah tetepe elinge kaya Malaikat iyo iku wong ahli Thoriqot.
  • 3. Murid Kamil
Utawe murid kamil iyo iku murid kang wus beresih atine saking sekehe kawatire sekabehe hale amandeng Allah kalawan Allah, hale mungkur saking mahluk sekabehe maka ing aranan iyo atine iku ati Mujarrod saking arah amuhung amandeng Allah kalawan Allah kiwala hale amungkur maring dumdumane mahluk sekabehe. Lan ilmune Haqqul Yaqin saking arah tetepe Idhofate maring haqiqote ora maring majaze. Lan imane iku Iman Kamil saking arah amandeng ing Allah kalawan Allah. Lan pangabektine Ubudah tegese angabekti kerana anerima sihing Allah. Dikire Mutahay iyo iku lisane anebut "Laa ilaaha illallaah" atine anebut 'Laa maujuda illallaah' (ora ana maujud anging Allah) kerana pandenge, anane kalawan Allah lan angucap kalawan Allah, usike lan enenge lan tingkah polahe kang abangsa kasabiyah. Lan fanane karem ing Dzating Allah Ta'ala. Lan maqome iku Jami'ul fana'. Lan alame alam Jabarut tegese saking arah kareme ing dalem Purba Wasesaning Allah sekehe saking arah tetepe ing dalem purbaning Allah Ta'ala. Iyo iku wong ahli Haqiqot.

  • 5. Murid Kamil Mukammil
Utawe murid kamil mukamil iya iku murid kang luwih sanget zuhude lan kareme ing dalem Dzting Allah Ta'ala. Maka iya iku ingaranan iya atine iku ati Rabbani saking arah wus kalimputandining sihing Allah Ta'ala. Lan ilmune akmalul yakin. Lan imane iku iman mukamil. Lan pangabektine barang tingkahe lan polahe lan dzikire lan tangise lan getere lan usik-e lan enenge sekehe iku, yo iku dzikire lan pujine hale kang amuji iku tetep kareme ing dalem dzating Allah Ta'ala hale ora angaweruhi sekehe mahluk sekabehe malah-malah maring awake dewe saking arah wus sirna mahluq-e mulih maring 'adame'. Lan fanane fana'ulfana'. Lan maqome maqom baqo'. Lan alame alam Lahut tegese segara tanpa tepi, iya iku wong ahli Ma'rifat.