Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh ~ Allahumma Sholli Wa Sallim 'Ala Sayyidina Muhammad

TATAKARAMANE DZIKIR

Sayogyane ing siro arep angaweruhi sekehe wiwitan tatakramane dzikir lan sekehe pertingkahe sehinggo amakoleh ing siro sekehe cukule lan sekehe faedahe dzikir kalawan idining Allah Ta'ala.
Utawe anapun sekehe tatakramane dzikir moko iyo iku :
A. Sak durunge Dzikir.
  • 1. Tobat saking sekehe dusane, durakane, lan kesalahane.
  • 2. Adus utowo Wudhu'.
  • 3. Meneng kerono angasilaken sidiqe dzikir.
  • 4. Arep anedo tulung kalawan anyipto Gurune iku sasat anedo tulung saking Nabi SAW kerono setuhune guru iku gegantine Nabi kito Muhammad SAW.
  • 5. Anduweni keyakinan sayektine dzikir thoriqoh kang dipun paringi saking syaikh meniko saking Rasulullah SAW.
B. Ing dalem dzikir.
  • 1. Alungguh enggon kang suci.
  • 2. Arep andukunaken ing epek-epeke tangan karo ing duhure pupune karo.
  • 3. Arep andukuni wewangi ing palenggahane.
  • 4. Arep anganggo kang wewangi.
  • 5. Arep amilih ing enggon kang peteng utowo kekudung.
  • 6. Arep angeremaken ing netrane karo.
  • 7. Angerupaqken ing gurune saroso katon ono ing ngarepe.
  • 8. Arep sidiq ing dalem dzikire.
  • 9. Arep ikhlas.
  • 10. Arep amilih lafadz 'Laa Ilaaha Illallaah'.
  • 11. Arep anyawisaken ing maknane dzikir.
  • 12. Anafiaken ing sekehe kang maujud kang liyan saking Allah Ta'ala saking atine.
C. Sakwuse Dzikir.

Tatkala wus tutuk wiridane iku meneng.
  • 1. Arep amegataken nafase saking wira-wirine.
  • 2. Arep anyegah saking anginum banyu kang angiringi ing dzikire.
  • 3. Alapet deniro ujar iku kalawan Allah uga kang anulungi.